Kampung Laweyan yaiku salah satunggaling Kampung Batik ing kutha Solo sing paling tuwa sawise Kampung Batik Kauman. Panggone Kampung Laweyan iki ana ing kecamatan Laweyan Solo. Kampung Batik Laweyan wis ana awit saka jaman kerajaan Pajang utawa awit taun 1546. Ing jaman kuwi, akeh masarakat sing gaweyane nggawe batik tulis, saengga Kampung Batik Laweyan dadi ngrembaka. Nanging, ing taun 1970an usaha batik tulis wiwit kegusur karo batik printing saka China sing mulai mlebu neng Kampung Laweyan. Mlebune batik printing iki nggawe matine usaha bakul-bakul batik lokal amarga garapan batik printing luwih cepet tinimbang batik tulis. Ing salebeting Kampung Batik Laweyan, ana akeh toko-toko sing adol maneka warna batik. Sing didol ing Kampung Batik Laweyan ora mung kain batik, nanging uga ana jarik lan klambi-klambi sing wis siap dinggo. Saking akehe toko batik ing kampong iki, akeh wisatawan mancanegara sing mampir kanggo tuku oleh-oleh awujud batik. Saliyane kuwi, uga ana banguna...